Aja demen dadi gawening liyan, sakabehing karibedanmu aja sesambat marang sapa wae, jalaran satemene ora ana menungsa kang ora duwe karibedan. Mula tatana atimu lan kukuhna tekadmu kanggo mrantasi dhewe sabarang gawe.
Luput banget yen kowe dipituturi wong banjur isin, banjur ora meduli utawa rumangsa gela, mung sebab saka pangrasamu wong kang mituturi iku luwih bodho utawa asor tinimbang kowe. Terkadang ora wurung pitutur iku banjur kok turut. Malah ing liya dina pitutur mau kok enggo mituturi wong liya, tur kok akoni yen iku panemumu dhewe.
Jejering pemimpin mono kudu duwe watak setya. Tegese setya mono kudu weruh lan momong marang rasaning wargane lan tugasing andhahane sarta nggateake bangetmarang kebutuhan lan thek kliwere kahanane wewengkone, bebasan mati siji mati kabeh, mukti siji mukti kabeh. Lila, lire lila legawaing darma, dee santosa, tegese tekad sawiji netepi wajib, ora duwe watak mundur sajangkah, maju terus nganti rampung ing gawe.
Yen kita gelem ngakoni kanthi jujur, ing panguripan kita iki sejatine akeh piwulang-piwulang kang gedhe ajine kang kinandhut ing tembung-tenbung panacad lan panyeda saka wong-wong sing ora seneng lan sengit marang kita. Jalaran saka panacad lan panyeda mau esthine kita banjur bisa luwih ngati-ati lan bisa bali nglempengake laku. Mula prayogane kuping kita aja disumpeti yen ana panyeda lan panacad saka ngendi wae tekane.
Kang sering gawe gorehing iman iku tinemune akehing kanyatan, yen sing jujur iku sok dadi ajur, dene sing culika malah tambah mulya. Pancen kang tinakdir dening Pangeran iku kabeh sarwo ginaib, kebak wewadi. Nganti kukuding jagad, manungsa tangeh bias miyak kekerane. Mula aja kesusu sulap marang samubarang kang mung kasad mata, kepara kencengana kapitayanmu marang adiling Pangeran Kang Maha Kuwasa.
Wong kang ora weruh tata karma lan uda Negara iku bebasan ora bia ngrasakake rasa nem warna, yaiku rasa legi, kecut, asin, pedhes, sepet, lan pahit. Dene wong kang sepi ing kawruh iku, samangsa ing pasamuan tetala kaya wong bisu, kapeksa meneng merga ora mudheng.
Wong kang tetep tumindak utama ing satengahe urip kang kebak godha rencana, prasasat tapa ing satengahe coba. Sapa kang atine kukuh – santosa, tangeh lamun bakal tumindak nistha, sapa kang gampang kelu pakarti dudu, bakal klebu wuwu. Elinga sejatine kang sedyaning urip ing alam donya, ora ngupaya raja brana wae, nanging uga mangesthi marang kaswargan.
Ratu lan Panguwasa iku kudu darbe berbudi bawa leksana lan ambeg pamarta, lire amrih dipundhi-pundhi lan ditresnani dening para kawulane. Kawula kang tentrem lan seneng uripe bias dadi temenge bangsa lan pager ing negara samangsa mangsa ana pakewuh lan pancabaya.
Sing ngadhut, nglairake lan nggulawenthah anak iku pancen tugase ibu lan bapa, dene sing mengko bakal ngundhuh, yen kena diarani mangkono, mesthine wong liya. Semono uga ing babagan apa wae, sing gawe lan ngendegake adate ora nganggo sing ngundhuh wong liya, mangkono paribasane. Mula kita kudu tansah samapta ing darma, tanpa ngarep-arep pikolehe. Iya mangkono iku laku jantraning kahanan ing jagad gumelar iki. Kabeh-kabeh tugase mung sawetara mangsa.
Kita urip ing alam donya iku aja sok nglirwakake bab-bab sepele sarta nyepelekake barang-barang sing katone cilik ora mingsra. Pancen ora ana critane wong kejungkel iku merga kesandhung watu gedhe, sing mesti merga kesandung watu cilik. Upama nganti tatuwa mono ya merga kataman krikil-krikil cilik kang lancip-lancip sing tinemu ing sauruting laku. Kabeh mau aweh pituduh, supaya kita tansah waspada lan aja gampang nglirwakake barang-barang cilik sing katone ora mingsra, nanging sejatine kepara malah gampang dadi dhadhakane wong njungkel – jempalik tiba ing papa.
Manungsa ing alam donya iku sabisa-bisa uripa samadya wae, mangan ngombe sacukupe, nyandhang – papan sapantese. Yen mangan ngombe kliwat taker, wethengmu bisa bedhah, yen numpuk- undhung sandhang lan papan bisa diarani wong edan. Mula aja nungsal-nungsal kedadapan, yen kowe ora bisa ngunjara nafsumu.
Yen sira lagi ngadhepi urip kang ngrekasa prayoga udinen supaya bisa gumrgah mentas saka panandhang kanthi esem gumuyu, lire lekas kang mangkono iku wis mujudake srana kanggo ngenthengake sanggan kang bisa numusi muluring pikir. yen diadhepi kanthi ulat suntrut, adate banjur kentekan nalar sing tundhone pangudi uwal saka kahanan ngrekasa mau kanthi nerak bebener.
Yen kepengin kasembadan pepenginan lan gegayuhanmu nganutke marang falsafahe banyu buthek, yen meneb suwe ning suwe uga bakal dadi bening. Mulane yen darbe pepenginan lan gegayuhan udinen nganti katog lan meneb, sing ing tembe uga bakal kasinungan sipat bening mau, lire nadyan pepenginan lan gegayuhan mau ora bisa kaleksanan klawan tumuli, ewasemono yen ditlateni, suwening suwe uga bisa kesembadan.
Rembulan lan lintang iku dadi pepadhanging wengi, srengenge dadi pepadhanging rahina, kawruh lan angger-angger iku dadi pepadhanging jagad. Dene sing dadi pepadhanging mitra-kadang sarta kulawarga iku, ora liya ya anak kang mursid sing tansah mituhu marang piwulang kang utama.
Meksa awake dhewe utawa yen manut tetembungan saiki “Ndhisiplinake dhiri pribadi” iku klebu abot-aboting pakulinan, najan wis ngerti yen apa sing katindhakake mau kanggo kaperluwane dhewe. Upamane wae nyingkiri urip sing mbeborosi, lan meksa marang pakulinan nyenyelengi sing manfaat lan pigunane gedhe banget. Kabeh mau yen wis kita tindakake lan wis manjing dadi pakulinan rasa rekasa lan abot mau, sithik mbaka sithik bqakal sirna.
dari Majalah Panjebar Semangat

Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapus